Isamu Apa?

Sumber : MP Sudarjanto

Saiki isamu apa
Mung sekolah sabendina
Gawananmu kotak sega
Merga mulih meh jam lima

Jaman Bapak biyen
Dolanan banyu ana kalen
Nglangi neng kali ora klamben
Nanging sinau isih kopen

Piye tumindakmu
Mangkat sekolah ra pamit ibu
Mundhuk2 yen jaluk sangu
Yen didhawuhi ora nggugu

Ora isin karo simbah
Nadyan ra tau sekolah
Ora tau ninggal ibadah
Tansah mesem senadyan susah

Ojo mung ngilo tanggane
Rumangsa kurang samubarange
Banjur tumindak sakepenake
Mung golek benere dhewe

Kudune kowe bisa
Ngilangi serik marang sasama
Tansah bekti karo wong tuwa
Manembah marang Kang Kuasa

Artikel Terkait :



1 komentar:

Unknown mengatakan...

maskudmu apa den?

Arsipnya